Aku antri mandi, ngidupin kran kamar mandi. trus tak tinggal ngegame pake lepinya mb. Ripki (nyet ra modal!). Aku sih agak denger ibu kos ngomel-ngomel, tapi ga mudeng sopo sing diomeli.
Ibu: "Ki sopo sing antri adus?"
Aku: "..................." [meneng wae-ra nggagas-nglanjut ngegame]
Ibu: "Wong ngantri og nganti omber mbludak koyo ngene!!!" [mondarmandir-cari korban]
Aku: "..................." [masih ngegame]
Ibu: "Anggiiit!! Opo kowe sing antri nduwur?"
Anggit: "Mboten niku, Bu."
Ibu: "Lha sopo iki? Rene sik! Ki ciduk e sopo?"
Anggit: "Mboten ngertos, Bu." [bingung]
Aku: "..................." ["Brisik amat!" -lanjut ngegame]
HENING
mb. Ripki: "Eh, Dik, kowe lak ora ngantri tha?"
Aku: "Ha?" [ga mudeng]
mb. Ripki: "Kowe lak ora ngantri adus tha?"
Aku: "Antri i, lha ngopo mb?" [rung sadar]
mb. Ripki: "Badalah ig!!! Ibuk duko lho!"
Aku: "Ha? Kapan? Lha ngopo?"
mb. Ripki: "Lha kowe kui tho! kranmu gak mbok pateni tha? nggenah ibuk'e duko mubeng-mubeng og! Badalah tenan ig! kwe i lho!!"
Aku: "O! Lha ra mudeng og. Haha" [lanjut ngegame]
Beberapa saat kemudian, aku ke kamar mandi. di tempat sabunku (yang tak pake ngantri) ada surat cinta dari ibu kos,
"Tolong Buka Kran DiCek Jangan penuh."
trus aku mbatin, 'kog bahasane ngene tho? ra duwe EYD yak'e!'
trus tempat sabunku tak kluarin. aku gak jadi mandi (wedi ketahuan).


0 prakata:
Posting Komentar
monggo komen :)